Sabtu, 07 Januari 2017

Kabudayan Singgul ing Jawi

Singgul

Singgul inggih menika satunggaling kabudayan Jawi ingkang percados marang makhluk gaib. Singgul menika menawi jaman rumiyin kedah wonten ing sripah supados tiyang-tiyang ingkang sami layat boten kenging sawanipun tiyang ingkang seda. Ananging jaman samenika sampun kathah tiyang ingkang boten percados marang singgul ingkang saged dipunsebut mitos. Singgul limrahipun dipuntrapaken wonten ngajeng griya supados ingkang layat saged pirsa, dipunparingaken wonten ngandhap kursi Singgul saged dipundamel dening sinten kemawon ananging limrahipun tiyang estri amargi tiyang jaler menika sampun nyumawisaken panggenan ingkang gadhah sripah. Sanesipun ugi wonten ing acara sripah singgul ugi wonten ing acara Menekke utawi Tedhak Siten ingkang dipun laksanaaken wonten ing Desa Podosoko, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang. Wonting ing acara Menekke utawi Tedhak Siten singgul dipun ginakaken wonten ubun-ubun kaliyan suku kangge lare sakmenika ingkang ibu dipunginakaken wonten ing githok kaliyan suku, ingkang ngusapke inggih menika sesepuh utawi dhukun bayi.

Singgul arupi piranti ingkang dipundamel saking bahan alam inggih menika bengle, dringo saha brambang. Wonten ugi singgul ingkang dipundamel saking beras, kunyit, brambang, bengle saha dringo. Bahan menika salajengipun dipunuleg kanthi lembut, menawi sampun lembut lajeng dipunparingaken wonten besi lajeng dipunparingi toya pethak sinambi dipunudhak. Singgul limrahipun dipunginakaken ing sawingkingipun talingan, ananging wonten ugi ingkang ngginakaken wonten suku. Anggenipun ngginakaken singgul menika sampun beda ananging pangajabipun sami, inggih menika supados tebih saking sawan.

Tiyang ingkang percados marang singgul menawi layat kedah ngginakaken singgul supados tebih saking sawan. Sawan menika limrahipun arupi bebaya tuladhanipun wonten simbah-simbah asmanipun simbah Satemo ingkang dhudhuk lumpur (kedhuk siti kangge pasareyan) bibaripun saking pasareyan lajeng diare kemawon ananging boten dhahar ingkang boten limrah. Ngendikanipun tiyang sepuh menika kenging sawan dados dipundamelaken singgul lajeng dipunparingaken simbah Satemo saengga mantun saking diare. Tuladha sanesipun lare alit lajeng benter sasampunipun wonten sripah menika ugi saged kenging sawan lajeng dipundamelaken singgul saha dhadhap srep supados benteripun mandhap. Pak ustad wonten adicara pangaosan ing mejid Seropan 3 sampun ngendika menawi singgul menika pralambang supados tiyang gesang supados penget menawi tiyang ingkang seda kados menika boten beta menapa-menapa.