Minggu, 23 Oktober 2016

Yudha ngapusi

Oalah bocah kuwi meneh saben dinane enenge mung bocah kui ra eneng liane. "Lik Ayuuuuuuukkk......" Yudha celuk budhene sing agi budhal saka kuliah. " ngapa Yud? Apa wis turu?" pitakone Ayuk karo Yudha, mergane yen awan ngeneki biasane turu ndhak rewel yen ora turu. "Uwis lik mau saka sekolah. Eh lik aku mau to ning sekolahan kuwi ngeyel neh"
"Lha uwong sekolah kok ngeyel ki apa ota didukani bu guru?"
"Disengeni aku mau kuwi dikon ngadeg ning ngarep kelas"
"Terus isin ora?"
"Ora ya munh karo kancaku kok, kowe ngerti Abid ora lik?"
"Ngerti lha piye?"
"Lha ya kuwi lho sing mau tak tabok ki haha"
"Ya nek sekolah ki karo kancane ora nakal ya ndhak suwe-suwe ora duwe kanca mergane ngerti nek Yudha ngeyel"
"Ora lik ning nek karo Anggit ya ngeyel wong dhekke ya ngeyel kok"
"Ya nek dinakali ora usah diwales ndhak nanges"
"Inggih lek"
"Lha gene bisa basa haha"
"Bisa yaaaaa"
Yudha banjur lunga saka omahe lik Ayuk menyang omahe Rohman kanca sapantarane Yudha.
"Rohmaaaaannn ayo dolanan trek Man ning nggone lik Ayuk"
"Ayu Yud sik ko sipik tak gawa trek"
"Cepet Maaaannn....." Yudha semahur karo mlayu ninggal Rohman.
"Enteni Yuuuuudd...." Rohman nusul Yudha karo mlayu sing banter.
Bruuuukkk...... Rohman tiba ning dalan kulon omahe lik Ayuk.
"Heee.... Eeee... Eee...." Rohman nanges sing sero.
"Ngapa Man" mamakne Rohman mlayu petantingan arep nulung anakke. "Uwes-uwes rasah nanges nek wis sekolah ki rasah nanges ndhak diisin-isini Yudha. Lha nguyak apa yoan mlayu kui?"
"Ditinggal Yudha mak"
"Ya uwes rasah nanges gek dolanan meneh kunu"
Ngerti swarane Rohman nangis lik Ayuk banjur metu saka pawon.
"Keneng apa Man?"
"Tiba lik mau ning kulon omah."
"Lha ngapa kok tiba?"
"Lha mlayu mau"
"Mulanr yen duwe kanca dijak dolanan ki rasag ditinggal to Yud diinteni, wong ngajak dolanan kok ditinggal"
Rungu apa ora sing diomongke lik Ayuk, Yudha tetep wae dolanan.
"Kowe kunu Man"
"Kene Yud?"
"Iya kunu rasah cerak-cerak"
"Lha sendokku endi Yud?'
"Lha golekko neh Man iki ndhekku kok"
Saka njeron omah krungu swarane lik Ayuk   sero tenan.
"Yudhaaaaaa Rohman kuwi ya disilihi ta aja medhit dadi uwong kuwi ndhak ditinggal muleh"
Heeee..... Eeee..... Eeee... Ana swara bocah nanges. Yudha pancen dasare nakal dadi mesthi kuwi Rohman sing nanges.
"Yudhaaa ora ngeyel to kowe ki"
Lik Ayuk metu saka pawon banjur marani Yudha.
"Kowe kuwi rasah ngeyel to dikandhani kok ra tau nggugu" lik Ayuk nyengeni Yudha karo njiwit lengene.
Heeee.... Eee... Eee..... Bocah loro mau dadi nangis kabeh. Yudha kuwi pancen ya ngeyel ning ya gembeng ngalah-alahi Rohman. Rohman digendhok mamakne muleh lan Yudha mlayu muleh kanthi benter.
"Mamaaaaakkk lik Ayuk nakal mak"
"Lha ngapa nakal kui?"
"Lha aku ora ngapa-ngapa kok dijiwit"
Yudha ngomong karo mamakne yen dijiwit lik Ayuk nanging critane isih versi yudha.
"Mas.. Mas wit adhimu kae lho anakmu ra ngapa-ngapa kok dijiwit glo nganti nanges sesenggukan."
"Apa iya? Wani-wanine anakku disiksa ya wis mengko dak tandangane"
"Aja ya mas kae kuwi adhimu"
"Halah uwes emboh" mas Wiwit kakangne lik Ayuk lunga kanthi batin sing ndongkol.
"Yuuukkk yuuuukk kowe ning ngendi,?" Wiwit teka ning ngomahe Ayuk sing ora adoh saka omahe, wiwit uwis duwe omah dhewe sawise duwe anak Yudha awit isih cilik.
"Ana apa kang?"
"Karepmu ki kepie? Bocah ora ngapa-ngapa kok mbok jiwit nganti kesesekken kuwi, kowe kuwi ngerti ngrasakke lara ora?"
"Lha wong Yudhane we"
Urung rampung Ayuk ngomong uwis diselani Wiwit.
"Yudha ngapa he? Bocahe we le ngomong ra ngapa-ngapa we mbok jiwit kang"
"Anu kang"
"Anu apa ona anu pokokmen kowe kudu tanggung jawab"
Ana swara riwuh kaya ngunu mamakne Ayuk lan Wiwit njedul saka njeron omah sing mau ana ning pawon olah-olah.
"Ana apa ta iki kakang adhi kok padha padu ora ngerti sedulur"
"Niku lho mak kang Wiwit"
"Ngapa aku barang?" wiwit ngomong ngunu kuwi karo nyurung Ayuk nganti klekar nubruk lawang.
Bruuuukkkk......
"Kowe ki kecemplungan apa ta Wit eling kuwi ki adhimu neh elingo kowe ki"
Mamak nulungi Ayuk sing tiba nubruk lawang kemau karo ngerui anakke lanang sing uwis beda.
"Wong kaya ngunu kok dibela wae ora patut dibela" sahur Wiwit ndongkol
"Hus bocah kok kaya ngunu jajal takon anakmu kana sing bener sing kepie"
"Yuuuuddd yuuud kowe kui ning ngendi?"
"Apa pak?"
"Omongo mbah putri nek kowe ora ngapa-ngapa dijewer lik Ayuk"
"Iya mbah mau kuwi aku dijiwit lik Ayuk pine nakal karo Rohman"
"Jaremu ra ngapa-ngapa dijiwit lik Ayuk"
"Pine ngeyel ya pak"
"Rungu dhewe anakmu ngomong ngunu isa-isane nyalahke adhimu"
"Apa tenan yud?"
"Tenan ya pak aku tak dolan ne Rohman yo mbah"
"Ya anggere ra nakal"
"Boten mbah"
"Nah saiki pie nek ngunu kuwi?" mamak takon karo wiwit
"Ya njaluk ngapura wae ya Yuk merga wis nudhuh kowe sing ora salah pancen Yudhane wae sing ngeyel"
"Iya kang aku ya njaluk ngapura mergane wis nangani anakmu aku mung pengen Yudha dadi bocah ndenakke"
"Nah ngunu ning kluwarga kuwi sing rukun ora gawe perkara"
Sakwise ana perkara kuwi Yudha yen omong ora tau ngapusi mergane gemang yen disengeni bapakne.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar