Sabtu, 07 Januari 2017

Kabudayan Singgul ing Jawi

Singgul

Singgul inggih menika satunggaling kabudayan Jawi ingkang percados marang makhluk gaib. Singgul menika menawi jaman rumiyin kedah wonten ing sripah supados tiyang-tiyang ingkang sami layat boten kenging sawanipun tiyang ingkang seda. Ananging jaman samenika sampun kathah tiyang ingkang boten percados marang singgul ingkang saged dipunsebut mitos. Singgul limrahipun dipuntrapaken wonten ngajeng griya supados ingkang layat saged pirsa, dipunparingaken wonten ngandhap kursi Singgul saged dipundamel dening sinten kemawon ananging limrahipun tiyang estri amargi tiyang jaler menika sampun nyumawisaken panggenan ingkang gadhah sripah. Sanesipun ugi wonten ing acara sripah singgul ugi wonten ing acara Menekke utawi Tedhak Siten ingkang dipun laksanaaken wonten ing Desa Podosoko, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang. Wonting ing acara Menekke utawi Tedhak Siten singgul dipun ginakaken wonten ubun-ubun kaliyan suku kangge lare sakmenika ingkang ibu dipunginakaken wonten ing githok kaliyan suku, ingkang ngusapke inggih menika sesepuh utawi dhukun bayi.

Singgul arupi piranti ingkang dipundamel saking bahan alam inggih menika bengle, dringo saha brambang. Wonten ugi singgul ingkang dipundamel saking beras, kunyit, brambang, bengle saha dringo. Bahan menika salajengipun dipunuleg kanthi lembut, menawi sampun lembut lajeng dipunparingaken wonten besi lajeng dipunparingi toya pethak sinambi dipunudhak. Singgul limrahipun dipunginakaken ing sawingkingipun talingan, ananging wonten ugi ingkang ngginakaken wonten suku. Anggenipun ngginakaken singgul menika sampun beda ananging pangajabipun sami, inggih menika supados tebih saking sawan.

Tiyang ingkang percados marang singgul menawi layat kedah ngginakaken singgul supados tebih saking sawan. Sawan menika limrahipun arupi bebaya tuladhanipun wonten simbah-simbah asmanipun simbah Satemo ingkang dhudhuk lumpur (kedhuk siti kangge pasareyan) bibaripun saking pasareyan lajeng diare kemawon ananging boten dhahar ingkang boten limrah. Ngendikanipun tiyang sepuh menika kenging sawan dados dipundamelaken singgul lajeng dipunparingaken simbah Satemo saengga mantun saking diare. Tuladha sanesipun lare alit lajeng benter sasampunipun wonten sripah menika ugi saged kenging sawan lajeng dipundamelaken singgul saha dhadhap srep supados benteripun mandhap. Pak ustad wonten adicara pangaosan ing mejid Seropan 3 sampun ngendika menawi singgul menika pralambang supados tiyang gesang supados penget menawi tiyang ingkang seda kados menika boten beta menapa-menapa.

Minggu, 13 November 2016

Geguritan

Semut kang Cilik Menthik

Wit jambu sing gedhe gagah
Ana tawon kang ngubengi
Ana uga semut kang mlaku kibat-kibit
Mondhak-mandhek golek pangan
Amung ana kliyang sing ditemoni
Tanpa ana ngerti ana jambu
Jambu kang legi ana ninh dhuwur godhong
Nanging semut duwe daya apa
Amung sikil-sikil cilik kang ringkih
Semut semut kudu sabar ngrikit kliyang sakanane
Ning awang-awang tawon kepenak
Nyedhoti isine jambu tanpa nguwasake semut kang nelangsa
Semut mangan kliyang
Tawon mangan jambu kang legi
Mangan kliyang nganti nggremet-ngremet kae tawon ora bakal nggagas awakmu

Minggu, 23 Oktober 2016

Yudha ngapusi

Oalah bocah kuwi meneh saben dinane enenge mung bocah kui ra eneng liane. "Lik Ayuuuuuuukkk......" Yudha celuk budhene sing agi budhal saka kuliah. " ngapa Yud? Apa wis turu?" pitakone Ayuk karo Yudha, mergane yen awan ngeneki biasane turu ndhak rewel yen ora turu. "Uwis lik mau saka sekolah. Eh lik aku mau to ning sekolahan kuwi ngeyel neh"
"Lha uwong sekolah kok ngeyel ki apa ota didukani bu guru?"
"Disengeni aku mau kuwi dikon ngadeg ning ngarep kelas"
"Terus isin ora?"
"Ora ya munh karo kancaku kok, kowe ngerti Abid ora lik?"
"Ngerti lha piye?"
"Lha ya kuwi lho sing mau tak tabok ki haha"
"Ya nek sekolah ki karo kancane ora nakal ya ndhak suwe-suwe ora duwe kanca mergane ngerti nek Yudha ngeyel"
"Ora lik ning nek karo Anggit ya ngeyel wong dhekke ya ngeyel kok"
"Ya nek dinakali ora usah diwales ndhak nanges"
"Inggih lek"
"Lha gene bisa basa haha"
"Bisa yaaaaa"
Yudha banjur lunga saka omahe lik Ayuk menyang omahe Rohman kanca sapantarane Yudha.
"Rohmaaaaannn ayo dolanan trek Man ning nggone lik Ayuk"
"Ayu Yud sik ko sipik tak gawa trek"
"Cepet Maaaannn....." Yudha semahur karo mlayu ninggal Rohman.
"Enteni Yuuuuudd...." Rohman nusul Yudha karo mlayu sing banter.
Bruuuukkk...... Rohman tiba ning dalan kulon omahe lik Ayuk.
"Heee.... Eeee... Eee...." Rohman nanges sing sero.
"Ngapa Man" mamakne Rohman mlayu petantingan arep nulung anakke. "Uwes-uwes rasah nanges nek wis sekolah ki rasah nanges ndhak diisin-isini Yudha. Lha nguyak apa yoan mlayu kui?"
"Ditinggal Yudha mak"
"Ya uwes rasah nanges gek dolanan meneh kunu"
Ngerti swarane Rohman nangis lik Ayuk banjur metu saka pawon.
"Keneng apa Man?"
"Tiba lik mau ning kulon omah."
"Lha ngapa kok tiba?"
"Lha mlayu mau"
"Mulanr yen duwe kanca dijak dolanan ki rasag ditinggal to Yud diinteni, wong ngajak dolanan kok ditinggal"
Rungu apa ora sing diomongke lik Ayuk, Yudha tetep wae dolanan.
"Kowe kunu Man"
"Kene Yud?"
"Iya kunu rasah cerak-cerak"
"Lha sendokku endi Yud?'
"Lha golekko neh Man iki ndhekku kok"
Saka njeron omah krungu swarane lik Ayuk   sero tenan.
"Yudhaaaaaa Rohman kuwi ya disilihi ta aja medhit dadi uwong kuwi ndhak ditinggal muleh"
Heeee..... Eeee..... Eeee... Ana swara bocah nanges. Yudha pancen dasare nakal dadi mesthi kuwi Rohman sing nanges.
"Yudhaaa ora ngeyel to kowe ki"
Lik Ayuk metu saka pawon banjur marani Yudha.
"Kowe kuwi rasah ngeyel to dikandhani kok ra tau nggugu" lik Ayuk nyengeni Yudha karo njiwit lengene.
Heeee.... Eee... Eee..... Bocah loro mau dadi nangis kabeh. Yudha kuwi pancen ya ngeyel ning ya gembeng ngalah-alahi Rohman. Rohman digendhok mamakne muleh lan Yudha mlayu muleh kanthi benter.
"Mamaaaaakkk lik Ayuk nakal mak"
"Lha ngapa nakal kui?"
"Lha aku ora ngapa-ngapa kok dijiwit"
Yudha ngomong karo mamakne yen dijiwit lik Ayuk nanging critane isih versi yudha.
"Mas.. Mas wit adhimu kae lho anakmu ra ngapa-ngapa kok dijiwit glo nganti nanges sesenggukan."
"Apa iya? Wani-wanine anakku disiksa ya wis mengko dak tandangane"
"Aja ya mas kae kuwi adhimu"
"Halah uwes emboh" mas Wiwit kakangne lik Ayuk lunga kanthi batin sing ndongkol.
"Yuuukkk yuuuukk kowe ning ngendi,?" Wiwit teka ning ngomahe Ayuk sing ora adoh saka omahe, wiwit uwis duwe omah dhewe sawise duwe anak Yudha awit isih cilik.
"Ana apa kang?"
"Karepmu ki kepie? Bocah ora ngapa-ngapa kok mbok jiwit nganti kesesekken kuwi, kowe kuwi ngerti ngrasakke lara ora?"
"Lha wong Yudhane we"
Urung rampung Ayuk ngomong uwis diselani Wiwit.
"Yudha ngapa he? Bocahe we le ngomong ra ngapa-ngapa we mbok jiwit kang"
"Anu kang"
"Anu apa ona anu pokokmen kowe kudu tanggung jawab"
Ana swara riwuh kaya ngunu mamakne Ayuk lan Wiwit njedul saka njeron omah sing mau ana ning pawon olah-olah.
"Ana apa ta iki kakang adhi kok padha padu ora ngerti sedulur"
"Niku lho mak kang Wiwit"
"Ngapa aku barang?" wiwit ngomong ngunu kuwi karo nyurung Ayuk nganti klekar nubruk lawang.
Bruuuukkkk......
"Kowe ki kecemplungan apa ta Wit eling kuwi ki adhimu neh elingo kowe ki"
Mamak nulungi Ayuk sing tiba nubruk lawang kemau karo ngerui anakke lanang sing uwis beda.
"Wong kaya ngunu kok dibela wae ora patut dibela" sahur Wiwit ndongkol
"Hus bocah kok kaya ngunu jajal takon anakmu kana sing bener sing kepie"
"Yuuuuddd yuuud kowe kui ning ngendi?"
"Apa pak?"
"Omongo mbah putri nek kowe ora ngapa-ngapa dijewer lik Ayuk"
"Iya mbah mau kuwi aku dijiwit lik Ayuk pine nakal karo Rohman"
"Jaremu ra ngapa-ngapa dijiwit lik Ayuk"
"Pine ngeyel ya pak"
"Rungu dhewe anakmu ngomong ngunu isa-isane nyalahke adhimu"
"Apa tenan yud?"
"Tenan ya pak aku tak dolan ne Rohman yo mbah"
"Ya anggere ra nakal"
"Boten mbah"
"Nah saiki pie nek ngunu kuwi?" mamak takon karo wiwit
"Ya njaluk ngapura wae ya Yuk merga wis nudhuh kowe sing ora salah pancen Yudhane wae sing ngeyel"
"Iya kang aku ya njaluk ngapura mergane wis nangani anakmu aku mung pengen Yudha dadi bocah ndenakke"
"Nah ngunu ning kluwarga kuwi sing rukun ora gawe perkara"
Sakwise ana perkara kuwi Yudha yen omong ora tau ngapusi mergane gemang yen disengeni bapakne.

Minggu, 16 Oktober 2016

Pengalaman kunjungan teknik sipil

Halo halo sugeng dalu
Ana ning blog iki aku arep crita- crita kegiatanku sedina mau sing bisa diarani ora mandhek. Wiwit tangi turu tekan saiki arep turu isih wae ana kegiatan sing urung rampung. Tuladhane yen ana kegiatan tangi turu banjur ados lha urung-urung isih kepikitan warung. Hahaha. Lha ngapa kok warung? Mergane dina iki nembe rame ana uwong kuliahan saka teknik sipil UMP akeh sing kakung dadine ya semangat. Bibar ados banjur ning warung karo gawa banyu ana gogok basa ngetrend jirigen/jerigen, mergane ning sekitar warung agi krisis banyu. Dalan ning warung sing posisine gawa banyu dalan kaya jurang ora dadi masalah sing penting tekan warung. Urung sida lingguh banjur blanja ning pasar Imogiri baru dudu sing lawas masalahe sing lawas uwis digusur. Hehehe. Saben dalan saka Imogiri munggah gunung tujuan Dlingo niate dadi kota, macet tenaaaann. Padahal kuwi kan pelosok ning malah rame. Hehe. Bibar kuwi tekan warung ning..........
Penasaran pingin ngerti crita lanjute,????? Nah aja bosen-bosen ningali blog ana ning kene.
Crita lanjute sesuk meneh yen ora lali pokokmen curhat. Haha.
Matur nuwun sampun ningali blog kula

Crita ing Wisata Songgo Langit

Crita iki crita wisata anyar yaiku Songgo Langit ning kalurahan Mangunan. Songgo Langit pancen aneh jenenge mosok langit kok disangga ngendi eneng? Ning ya pancen eneng ning dusun Sukorame. Ngendikane simbah-simbah songgo langit kuwi pinggir alas miring ngetan tur kaya nyangga langit mergane saka kunu kuwi bisa weruh langit lan wit-witan sak kiwa tengene. Wit-wit sing ana ning kunu ya maneka jenis ana pinus, akasia, kayu putih lan liya-liyane. Ning songgo langit uga ana watu sing dijenengke sewu watu mergane ning kunu okeh watu-watu wiwit jaman biyen wis ana ning kunu kui. Ngendikane para bapak-bapak ning dusun Sukorame, watu gedhe ning kunu kuwi biyen yen bar supitan banjur saben esuk mepe "kui" ning nduwur watu gedhe kemau. Yen panjenengan kabeh arep ngerti kaya ngapa songgo langit kuwi bisa menyang Mangunan sak durunge ning hutan pinus mangunan. Sampun cukup sithik crita-crita ana ning kalurahan Mangunan. Matur nuwun.

Kamis, 06 Oktober 2016

JINISING SERATAN


JINISING SERATAN

seratan teks utawi tulisan teks menika wonten teks narasi, eksposisi, deskriptif, argumentatif, lan persuasif.
  1. teks narasi, yaiku teks ingkang nyariosaken fiksi menapa non fiksi ingkang kasusun kanthi sistematis lan logis.
  2. teks eksposisi, yaiku teks ingkang ngemot andharanipun pawarta dhateng pamaos. tujuanipun paring parwarta dhateng pamaos kanthi cetha.
  3. teks deskriptif, yaiku teks ingkang isinipun seratan ingkang nerangaken menapa kemawon lajeng para pamaos menika dipunajak mbayangaken menapa ingkang dipunserat dening panyerat.
  4. teks argumentatif, yaiku teks ingkang isinipun agumen utawi pendapat panyeratipun. tujuanipun saupados para pamaos menika saged percaya kaliyan menapa ingkang dipunserat dening panyerat.
  5. teks persuasif, yaiku teks ingkang ngemot iklan supados para pamaos menika saged ndherek menapa ingkang wonten teks menika.
menawi badhe mangertos tuladhanipun teks-teks menika panjenengan saged ningali link wonten ngandhap menika


sampun jisising teks menika panyerat andharaken wonten kalepatanipun kula minangka panyerat nyuwun agunging pangapunten.
matur nuwun.

Sabtu, 10 September 2016

1 Nama Kathah Tegesipun




1 Nama Kathah Tegesipun

Ndherek nepangaken nama kula Dwi Catur Wahyu Aji. Kula menika putra ragil saking bapa Budi Ariyanto kaliyan ibu Makem, lajeng mas kula asmanipun Wiwit Arinasoka. Kathah tiyang menawi tepang kaliyan kula lajeng mangertos nama kula negesaken bilih kula lair tanggal 24 menawi boten inggih putra nomer 24. Tiyang menika salah anggenipun paring ateges ananging inggih boten salah amargi tegesipun dwi menika kalih lajeng catur menika sekawan. Ananging boten namung  neges menika ingkang asring kula tampi ananging wonten kanca kula ingkang negesaken bilih kula remen catur ( dolanan catur ). Teges menika ugi salah saking teges sejatosipun saking nama kula ingkang pangriptanipun bapa kula. Nama menika wonten criyosipun, bapa kula ingkang paring nama menika negesaken bilih dwi menika kalih, catur menika sekawan, wahyu menika anugrah, lajeng aji menika berharga. Dados bapa kula negesaken nama Dwi Catur Wahyu Aji menika tegesipun boten 24 anugrah berharga ananging putra nomer kalih lajeng wonten satunggal kluwarga menika wonten sekawan tiyang inggih menika kula,  mas , bapa kaliyan ibu minangka anugrah ingkang berharga. Nah kados menika sejarahipun nama Dwi catur Wahyu aji sampun ngantos klentu anggenipun negesaken nama kula.

Inggih sekedhik informasi saking kula kathah kekiranganipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Matur Nuwun.