1 Nama Kathah Tegesipun
Ndherek nepangaken nama kula Dwi Catur Wahyu
Aji. Kula menika putra ragil saking bapa Budi Ariyanto kaliyan ibu Makem, lajeng mas kula
asmanipun Wiwit Arinasoka. Kathah tiyang menawi tepang kaliyan kula lajeng
mangertos nama kula negesaken bilih kula lair tanggal 24 menawi boten inggih
putra nomer 24. Tiyang menika salah anggenipun paring ateges ananging inggih
boten salah amargi tegesipun dwi menika kalih lajeng catur menika sekawan.
Ananging boten namung neges menika
ingkang asring kula tampi ananging wonten kanca kula ingkang negesaken bilih
kula remen catur ( dolanan catur ). Teges menika ugi salah saking teges
sejatosipun saking nama kula ingkang pangriptanipun bapa kula. Nama menika wonten criyosipun, bapa kula ingkang
paring nama menika negesaken bilih dwi menika kalih, catur menika sekawan,
wahyu menika anugrah, lajeng aji menika berharga. Dados bapa kula negesaken
nama Dwi Catur Wahyu Aji menika tegesipun boten 24 anugrah berharga ananging
putra nomer kalih lajeng wonten satunggal kluwarga menika wonten sekawan tiyang
inggih menika kula, mas , bapa kaliyan
ibu minangka anugrah ingkang berharga. Nah kados menika sejarahipun nama Dwi
catur Wahyu aji sampun ngantos klentu anggenipun negesaken nama kula.
Inggih sekedhik informasi saking kula kathah kekiranganipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Matur Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar