Sabtu, 10 September 2016

Criyos Walisanga ing Dusun Sukorame





Criyos Walisanga ing Dusun Sukorame



Kathah tiyang ingkang dereng mangertos dusun Sukorame ing kalurahan Mangunan kecamatan Dlingo. Menawi wonten tiyang ingkang penasaran dusun menika dipunwastani asma Sukorame. Menapa dusun menika kathah perkawis ingkang dadosaken dusun menika asmanipun dusun Sukorame? Pitakenan menika ingkang asring dipunmundhut pirsakaken tiyang sanes dhateng tiyang wonten dusun Sukorame. Miturut tiyang sepuh wonten Dusun Sukorame, asma Sukorame menika saking kalih tembung inggih menika suka ingkang ateges remen kaliyan rame ingkang ateges rame. Dados tegesipun Sukorame menika remen rame-rame, ananging boten ateges rame menika remen damel perkawis ingkang dadosaken para priyantunipun bibar kaliyan boten rukun, ananging wonten criyos ingkang njalari asmanipun Sukorame. Ngendikanipun tiyang sepuh jaman rumiyin menika wonten salah satunggaling walisanga ingkang sanjang wonten daerah menika, lajeng wonten dusun menika nembe wonten adicara kesenian tradisional lajeng rame sanget. Nah miturut tiyang sepuh ingkang paring asma Sukorame menika salah satunggaling walisanga kasebat.


Wonten dusun sukorame menika ugi wonten daerah ingkang dipunwastani nama Gunung Bathok. Gunung bathok menika boten ateges kathah bathok ( kambil ) wonten daerahipun ananging nama menika ugi wonten gayutanipun kaliyan criyos walisanga wonten dusun menika. Wonten criyos walisanga menika nendang bathok lajeng bathok menika tiba ing daerah ingkang sakmenika dipunsebat gunung bathok.

Sampun menika sekedhik criyos babagan Dusun Sukorame wonten kekirangan anggenipun panyerat nyerat blog menika kula minangka panyerat nyuwun agunging pangapunten. Matur Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar