Sabtu, 10 September 2016

1 Nama Kathah Tegesipun




1 Nama Kathah Tegesipun

Ndherek nepangaken nama kula Dwi Catur Wahyu Aji. Kula menika putra ragil saking bapa Budi Ariyanto kaliyan ibu Makem, lajeng mas kula asmanipun Wiwit Arinasoka. Kathah tiyang menawi tepang kaliyan kula lajeng mangertos nama kula negesaken bilih kula lair tanggal 24 menawi boten inggih putra nomer 24. Tiyang menika salah anggenipun paring ateges ananging inggih boten salah amargi tegesipun dwi menika kalih lajeng catur menika sekawan. Ananging boten namung  neges menika ingkang asring kula tampi ananging wonten kanca kula ingkang negesaken bilih kula remen catur ( dolanan catur ). Teges menika ugi salah saking teges sejatosipun saking nama kula ingkang pangriptanipun bapa kula. Nama menika wonten criyosipun, bapa kula ingkang paring nama menika negesaken bilih dwi menika kalih, catur menika sekawan, wahyu menika anugrah, lajeng aji menika berharga. Dados bapa kula negesaken nama Dwi Catur Wahyu Aji menika tegesipun boten 24 anugrah berharga ananging putra nomer kalih lajeng wonten satunggal kluwarga menika wonten sekawan tiyang inggih menika kula,  mas , bapa kaliyan ibu minangka anugrah ingkang berharga. Nah kados menika sejarahipun nama Dwi catur Wahyu aji sampun ngantos klentu anggenipun negesaken nama kula.

Inggih sekedhik informasi saking kula kathah kekiranganipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Matur Nuwun.

Criyos Walisanga ing Dusun Sukorame





Criyos Walisanga ing Dusun Sukorame



Kathah tiyang ingkang dereng mangertos dusun Sukorame ing kalurahan Mangunan kecamatan Dlingo. Menawi wonten tiyang ingkang penasaran dusun menika dipunwastani asma Sukorame. Menapa dusun menika kathah perkawis ingkang dadosaken dusun menika asmanipun dusun Sukorame? Pitakenan menika ingkang asring dipunmundhut pirsakaken tiyang sanes dhateng tiyang wonten dusun Sukorame. Miturut tiyang sepuh wonten Dusun Sukorame, asma Sukorame menika saking kalih tembung inggih menika suka ingkang ateges remen kaliyan rame ingkang ateges rame. Dados tegesipun Sukorame menika remen rame-rame, ananging boten ateges rame menika remen damel perkawis ingkang dadosaken para priyantunipun bibar kaliyan boten rukun, ananging wonten criyos ingkang njalari asmanipun Sukorame. Ngendikanipun tiyang sepuh jaman rumiyin menika wonten salah satunggaling walisanga ingkang sanjang wonten daerah menika, lajeng wonten dusun menika nembe wonten adicara kesenian tradisional lajeng rame sanget. Nah miturut tiyang sepuh ingkang paring asma Sukorame menika salah satunggaling walisanga kasebat.


Wonten dusun sukorame menika ugi wonten daerah ingkang dipunwastani nama Gunung Bathok. Gunung bathok menika boten ateges kathah bathok ( kambil ) wonten daerahipun ananging nama menika ugi wonten gayutanipun kaliyan criyos walisanga wonten dusun menika. Wonten criyos walisanga menika nendang bathok lajeng bathok menika tiba ing daerah ingkang sakmenika dipunsebat gunung bathok.

Sampun menika sekedhik criyos babagan Dusun Sukorame wonten kekirangan anggenipun panyerat nyerat blog menika kula minangka panyerat nyuwun agunging pangapunten. Matur Nuwun